BAB 2
A. Maca lan
nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane
1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan sapanunggale.
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.
Alam Sawegung
Geguritan
iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik,
cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh
merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo
lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
Supaya bisa
nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a.
Maca kanthi
premati, yen prelu dibolan-baleni.
b.
Nggatekake
ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg
(//).
c.
Golekana tegese
tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d.
Golekana pesen
utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e.
Tambahana
tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa di temokake karepe.
Menawa
cara- cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi
mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa manehi panemu. Panemu iku
bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga manehi
panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa
bedane prosa karo puisi
Bedane
ana ati
Apa
bedane ati karo gori
Bedane
mung prakara bumbune
Bedane
apa bumbune karo sing di bumboni
Bedane
rak mung ana ing wadhah
Apa
bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi
rak mung akal pokal gaweane manungsa
Lha
apa bedane manungsa karo kewan
Ah
iku urusane pangeran
(Mbangun
Tuwuh, angka 138)
B. Nemokake tuntunan kang
dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo
nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih,
nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.
Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan
karo kahanan.
C. Nulis geguritan nggunakake
raga basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa
nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kagotekake bab-bab
kaya mengkene.
1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan sapanunggale.
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.
Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
Komentar