BAB 1
Srawung Karo Sasama
Serat Wedhatama iku
anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung
'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama'
duwe teges utama/kautaman. Dadi,, wose serat Wedhatama iku wulanagan luhur
kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit
wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.
A. Maca lan nanggepi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur
B. Nitik guru
gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur
- Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar' tekan tembung 'aji'.
- Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru saben papada tembang pangkur ana 7.
- Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a, i, u, a, u, a, i.
- Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wiilangane tembang Pangkur, yaiku 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
- Supaya gmpang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis: 8a, 111,8u,7a, 12u, 8a, 8i.
C. Mbedhah perangane
serat Wedhatama pupuh Pangkur
Kaya kang diandharake
ing dhuwur, tembang Pangkur iku di bangun saka larikan-larikan kang diarani
cacahe pitung gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana
aturane. Yen ora cocog karo salah siji saka aturan iku, tegese dudu tembang
Pangkur. Jlentrehake kaya ngisor iki :
Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/ (8a)
A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/
(11i)
Si/na/wung/res/mi/ning/ki/dung/
(8u)
Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/
(7a)
Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/ngel/mu/lu/hung/
(12u)
Kang/tum/rap/ing/ta/nah/ja/wa/
(8a)
A/ga/ma/a/ge/ming/a/ji/
(8i)
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Komentar