Langsung ke konten utama

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 1


BAB 1


Srawung Karo Sasama

Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautaman. Dadi,, wose serat Wedhatama iku wulanagan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

A. Maca lan nanggepi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur 




 B. Nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur
  • Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada  tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar' tekan tembung 'aji'. 
  • Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru saben papada tembang pangkur ana  7.
  • Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a, i, u, a, u, a, i.
  • Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wiilangane tembang Pangkur, yaiku 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
  • Supaya gmpang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis: 8a, 111,8u,7a, 12u, 8a, 8i.
C. Mbedhah perangane serat Wedhatama pupuh Pangkur


Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Pangkur iku di bangun saka larikan-larikan kang diarani cacahe pitung gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji saka aturan iku, tegese dudu tembang Pangkur. Jlentrehake kaya ngisor iki :

Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/  (8a)
A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/  (11i)
Si/na/wung/res/mi/ning/ki/dung/  (8u)
Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/  (7a)
Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/ngel/mu/lu/hung/  (12u)
Kang/tum/rap/ing/ta/nah/ja/wa/  (8a)
A/ga/ma/a/ge/ming/a/ji/  (8i)


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA










Komentar

Anonim mengatakan…
Sangat bermanfaat πŸ‘Œ
Anonim mengatakan…
Sangat bermanfaat
Anonim mengatakan…
Baguss
Ladifa Dwi Adani mengatakan…
Bermanfaat skali
Elveradwi mengatakan…
Sungguh membantu
Eko Prastiyo mengatakan…
Sangat membantu untuk mengerjakan PR
valdafedella mengatakan…
Sangat membantu lurπŸ‘
M. Rafli Adi R mengatakan…
πŸ‘πŸ‘
Rifqymaulana mengatakan…
MantabbπŸ‘πŸ‘πŸ‘
Andini mengatakan…
Sangat membantu sekali matursuwun :)
Eva Novita Sari mengatakan…
sangat bermanfaat
Koh dede mengatakan…
Super sekali
Anonymus mengatakan…
Arti srawung apa ya kak?