BAB 9
Tontonan Budaya Jawa
Tontonan wayang
kang padatan sinebut pagelaran ,mujudaken kombinasi harmonis saking maneka
unsur kesenian.Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan menungso.Kang kalebu
unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang
kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu,kelir,debog,seperangkat
gamelan,keprak,kepyak,kotak wayang,cempela,lan blencong).
A.
Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake sawijining teks kang
medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang genep
sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca.Bab kang diandharake ing teks
eksposisi bisa awujud:
1.Dhata
faktual,yaiku sawijining kahanan kang nyata ana,lan bisa diceritakake kanthi
cetha,
2.Sawijining
analisis utawa penafsiran objektif sawijining fatka,
3.Fakta ngenani
pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Titikane teks eksposisi yaiku:
1.Ngandharake
panemu utawa gagasan,
2.Nuduhake
kahanan sanyatane ,
3.Nggunakake
analisis lan sintesis,
4.Sumber ide
bisa saka pengalaman,sikap,utawa keyakinan.
Stuktur teks eksposisi yaiku:
1.Tesis (pambuka) isine penemu saka penyerat ngenani prekara kang
arep diandharake,
2.Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang
wis diandharake ing perangan tesis,
3.Panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen
adhedasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi.
Sumber :Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
Komentar