BAB 2 Alam Sawegung Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni. b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//). c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukar...