Langsung ke konten utama

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 2


BAB 9


Tontonan Budaya Jawa

Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran ,mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian.Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan menungso.Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu,kelir,debog,seperangkat gamelan,keprak,kepyak,kotak wayang,cempela,lan blencong).

A.  Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan 

            Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang genep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca.Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:

1.Dhata faktual,yaiku sawijining kahanan kang nyata ana,lan bisa diceritakake kanthi cetha,
2.Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fatka,
3.Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

       Titikane teks eksposisi yaiku:

1.Ngandharake panemu utawa gagasan,
2.Nuduhake kahanan sanyatane ,
3.Nggunakake analisis lan sintesis,
4.Sumber ide bisa saka pengalaman,sikap,utawa keyakinan.

       Stuktur teks eksposisi yaiku:

1.Tesis (pambuka) isine penemu saka penyerat ngenani prekara kang arep diandharake,
2.Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis,
3.Panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi.


Sumber :Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Kelas XII Semester 1

BAB 2 Alam Sawegung Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a.      Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni. b.      Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//). c.       Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. d.      Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. e.       Tambahana tembung utawa wanda saengga ukar...

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 2

BAB 7 Pitutur Luhur ing Crita Wayang Wayang dumadi saka tembung 'yang' utawa 'hyang' antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaarn watak lan jiwaning manungsa. A. Maca lan nanggepi teks wayang Gatekna pethilan teks wayang ing ngisor iki! Dewi Kunthi Miturut kitab Mahabarata,Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putru Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.   B. Nemokake tuntunan ing teks wayang Tuntunan ing  teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nenangke paseduluran. C. Mbedhah perangane teks wayang Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asihlan tresna, semana uga wateg paraga Sinta. D. Nulis Sinopsis Wayang U...

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1

BAB 2 Njaga Tentreming Urip Bebrayan Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingke kari crita cekak,novel iku luwih dawa lan luwih genep isine. A. Maca lan nanggepi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kayatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane pekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepriye pangripta anggone nyitakake (point of view), kapan lan papan kedadeyan crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang di tujukake marang pamaca (amanat). Jlentrehe, tema iku underane preka...