Langsung ke konten utama

Materi Basa Jawa Kelas XII Semester 1

BAB 2



Alam Sawegung

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane

Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.

a.     Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
b.     Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
c.      Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d.     Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e.      Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa di temokake karepe.
Menawa cara- cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa manehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga manehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).


Apa Bedane
dening Sudi Yatmono

Apa bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati

Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo sing di bumboni
Bedane rak mung ana ing wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

          Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake raga basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kagotekake bab-bab kaya mengkene.


1.     Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan sapanunggale.

2.     Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.

3.     Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).

4.     Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.







Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 2

BAB 7 Pitutur Luhur ing Crita Wayang Wayang dumadi saka tembung 'yang' utawa 'hyang' antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaarn watak lan jiwaning manungsa. A. Maca lan nanggepi teks wayang Gatekna pethilan teks wayang ing ngisor iki! Dewi Kunthi Miturut kitab Mahabarata,Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putru Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.   B. Nemokake tuntunan ing teks wayang Tuntunan ing  teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nenangke paseduluran. C. Mbedhah perangane teks wayang Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asihlan tresna, semana uga wateg paraga Sinta. D. Nulis Sinopsis Wayang U...

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 1

BAB 1 Srawung Karo Sasama Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautaman. Dadi,, wose serat Wedhatama iku wulanagan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. A. Maca lan nanggepi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur    B. Nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada  tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar' tekan tembung 'aji'.  Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru saben papada tembang pangkur ana  7. Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune...