Langsung ke konten utama

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester 1

BAB 2


Njaga Tentreming Urip Bebrayan

Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingke kari crita cekak,novel iku luwih dawa lan luwih genep isine.

A. Maca lan nanggepi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane

Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kayatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane pekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepriye pangripta anggone nyitakake (point of view), kapan lan papan kedadeyan crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang di tujukake marang pamaca (amanat).

Jlentrehe, tema iku underane prekara kang di rembug kang  dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata: sabar, wicaksana, galak, lan sapanunnggalane.. Plot iku gegayutan karo kepriye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadean ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang di kandhut utawa diemot ing crita iku. 

B. Nemokake tuntunan kang ana njroning teks novel lan njumbuhakekaeo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa di temokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggalane. Saliyane iku amanat uga ana kang grgayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayaan, lan sapanunggale`

C. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan 

Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha kaeo urutan lan basa ing novel sumbere.. Bakune,nalika nulis sinopsis paraga,, watak, wose (inti) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.



Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA




Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 2

BAB 7 Pitutur Luhur ing Crita Wayang Wayang dumadi saka tembung 'yang' utawa 'hyang' antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaarn watak lan jiwaning manungsa. A. Maca lan nanggepi teks wayang Gatekna pethilan teks wayang ing ngisor iki! Dewi Kunthi Miturut kitab Mahabarata,Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putru Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.   B. Nemokake tuntunan ing teks wayang Tuntunan ing  teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nenangke paseduluran. C. Mbedhah perangane teks wayang Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asihlan tresna, semana uga wateg paraga Sinta. D. Nulis Sinopsis Wayang U...

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 1

BAB 1 Srawung Karo Sasama Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautaman. Dadi,, wose serat Wedhatama iku wulanagan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. A. Maca lan nanggepi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur    B. Nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada  tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar' tekan tembung 'aji'.  Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru saben papada tembang pangkur ana  7. Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune...

Materi Basa Jawa Kelas XII Semester 1

BAB 2 Alam Sawegung Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a.      Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni. b.      Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//). c.       Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. d.      Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. e.       Tambahana tembung utawa wanda saengga ukar...