BAB 2
Njaga
Tentreming Urip Bebrayan
Tembung novel asale saka basa
Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi,
novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingke
kari crita cekak,novel iku luwih dawa lan luwih genep isine.
A. Maca lan nanggepi isine teks
crita cekak lan niteni perangan-perangane
Kaya crita rekan liyane, crita ing
novel iku sumbere bisa saka kayatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan
utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang
mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita
iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane pekara (tema), paraga
(tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepriye
pangripta anggone nyitakake (point of view), kapan lan papan kedadeyan crita
kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang di tujukake marang pamaca
(amanat).
Jlentrehe, tema iku underane prekara
kang di rembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku
gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake.
Kayata: sabar, wicaksana, galak, lan sapanunnggalane.. Plot iku gegayutan karo
kepriye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi).
Sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga
utama ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing
crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadean ana ngendi
lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan
kang di kandhut utawa diemot ing crita iku.
B. Nemokake tuntunan kang ana
njroning teks novel lan njumbuhakekaeo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa
gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa di temokake dening para kang
maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane
bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan
sapanunggalane. Saliyane iku amanat uga ana kang grgayutan karo pangibadah
utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan,
kabudayaan, lan sapanunggale`
C. Nulis sinopsis novel nggunakake
ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita,
kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha kaeo urutan lan basa
ing novel sumbere.. Bakune,nalika nulis sinopsis paraga,, watak, wose (inti)
crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan
mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita
iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu
dhewe.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2
Kelas XI SMA/SMK/MA
Komentar