Langsung ke konten utama

Materi Basa Jawa Kelas X Semester 2




BAB 7

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

Wayang dumadi saka tembung 'yang' utawa 'hyang' antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaarn watak lan jiwaning manungsa.

A. Maca lan nanggepi teks wayang

Gatekna pethilan teks wayang ing ngisor iki!

Dewi Kunthi


Hasil gambar untuk gambar dewi kunthi

Miturut kitab Mahabarata,Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putru Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

 B. Nemokake tuntunan ing teks wayang

Tuntunan ing  teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nenangke paseduluran.

C. Mbedhah perangane teks wayang

Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asihlan tresna, semana uga wateg paraga Sinta.

D. Nulis Sinopsis Wayang

Urut-urutane nulis sinopsis : 
1.   Maca naskah asli dhisik kanggo mangeerteni kesan umum penulis. 
2.   Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting. 
3.   Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline. 
4.   Dialog lan monolog paraga cukup di tulisi isi utawa garis besare wae. 
5.   Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA.


 https://www.google.com/search?q=gambar+dewi+kunthi&safe=strict&client=firefox-b-d&sxsrf=ACYBGNSiY_A7F_Llx6JEmQ8ld-6VvoXDmg:1579333785909&source=lnms&tbm=isch&sa=X&ved=2ahUKEwjVw6nq1IznAhU0muYKHQDeDfQQ_AUoAXoECA0QAw&biw=1525&bih=730#imgrc=EwMwpksn3um3aM:


Komentar